Sesorah
Kanca-kanca ingkang kula tresnani,
Pamucalan utawi pendidikan anggadahi manfangat kunjuk kita
sedaya, pendidikan umumipun kawitan wanci satiyang punika dipunlairaken lan
tansah mlampah salebeting kita gesang wonten donya menika. Hal menika amargi pendidikan
mboten namung kawujud pendidikan formal kemawon, ananging langkung saking
menika pendidikan ugi njangkep dening sedaya pengalaman ingkang kita lampahi
wonten salebeting gesang.
Sinaosa wanci menika pendidikan formal sampun kathah dipun
cawisaken wonten sekitar kita, ananging pendidikan ingkang sejatosipun mboten
namung saking pendidikan formal kados sekolah lan perguruan tinggi. Kawontenan
menika saestu sanget wigati tumrap kita sedaya amargi pendidikan anggadahi
tujuan kathah kagem kita sedaya, wondene manfangat pendidikan kirang langkung
saget kula aturaken mekaten:
- Setunggal, Ngebaki kebetahan elmi uga pangasumerepan tumrap manungsa.
- Kalih, Mujudtaken pepengin kita sedaya utawi cara Indonesianipun cita-cita.
- Tiga, Nggampilaken pendamelan kita sedaya.
- Sekawan, Nampa elmi ingkang badhe kita sedaya betahaken konjuk masa ngajeng kita.
- Gangsal, Nambah wawasan ingkang langkung wiyar konjuk pangertosan kita sedaya.
Kanca-kanca ingkang bagya mulya,
Wonten ngandap wau namung sekedik tujuan saking pendidikan,
langkung malih saking menika pendidikan ugi nggadahi manfangat tumrap kita
sedaya ingkang kirang langkung kados mekatan.
- Setuggal, Nyiapaken para wiranem konjung nepeng peran tertemtu salebet masyarakat masa ingkang badhe datheng.
- Kalih, Marisaken elmi ingkang cocog kaliyan peranan kesebat saking tiyang sepuh dhateng para wiranem.
- Tiga , Marisaken kabudayan kagem njagi katentreman saha kewutuhan masyarakat ingkang dados syarating mutlak kunjuk kelajengan bangsa lan negari Indonesia.
Para kanca ingkang kula tresnani,
Mbok bilih namung mekaten atur kula wonten ngarsa
panjenengan sami. Kathah kalepatanipun saestu nyuwun lilane panjenengan paring
pangapunten.
Sesorah Sumpah
Pemuda
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Mirin ingkang kula bekteni, sarta kanca-kanca ingkang
kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji
syukur dhateng Gusti Allah ingkang ingkang tansah paring nikmat saha rahmat
satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih
saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng
wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah
bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami
mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah
Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang
nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang
anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa
ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu,
tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu,
bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu,
bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha
panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem
mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata
tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi
jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda
kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi
pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi
babagan Sumpah Pemuda. Pramila cekap semanten kemawon atur
kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging
pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
Assalamu’alaikum wr. Wb.
Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya aamii.
Para sesepuh pinisepuh ingkang kinabekten;
Bapak kepala dusun ingkang satuhu kinurmatan;
Bapak-bapak kepala rukun warga lan rukun tetangga ingkang kula hurmati;
Sanggyaning warga dusun Bringin ingkang tansah bagya mulya.
Nuwun, sumanga langkung rumiyen tansah sedaya kraos lan rumaos bilih kula sedaya titah limrah ingkang tansah kapurba lan kawisesa dening Pangeran Dzat Ingkang Maha Kuwaos, pramila namung dumateng Panjenenganipun kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur inggih awit kemirahan-Ipun, kula sedaya saget makempal wonten ing papan punika saperlu mengeti dinten ingkang ageng, nun injeh dinten lahiripun bangsa Indonesia.
Salam kasugengan sarta karaharjan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sedaya aamii.
Para sesepuh pinisepuh ingkang kinabekten;
Bapak kepala dusun ingkang satuhu kinurmatan;
Bapak-bapak kepala rukun warga lan rukun tetangga ingkang kula hurmati;
Sanggyaning warga dusun Bringin ingkang tansah bagya mulya.
Nuwun, sumanga langkung rumiyen tansah sedaya kraos lan rumaos bilih kula sedaya titah limrah ingkang tansah kapurba lan kawisesa dening Pangeran Dzat Ingkang Maha Kuwaos, pramila namung dumateng Panjenenganipun kita sedaya tansah ngaturaken puji syukur inggih awit kemirahan-Ipun, kula sedaya saget makempal wonten ing papan punika saperlu mengeti dinten ingkang ageng, nun injeh dinten lahiripun bangsa Indonesia.
Isi pidato bahasa jawa panitia peringatan kemerdekaan Indonesia
Ing saklajenganipun, minangkani sedherek panitia peringatan hari kemerdekaan Indonesia 17 agustus 2015 menika keparinga kula matur wonten ngarsa panjenengan sami, ananging sakderengipun kula matur, hambok bilih wonten atur kula samangkih kathah kekirangan saha atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Sanggayaning brayat agung pedukuhan Bringin, kecamatan Srumbung, kabupaten Magelang ingkang winantu bagya mulya. Kula sedaya sinaosa mboten nyumerepi piyambak labuh lebetipun para pahlawan anggenipun sami berjuang ngetohaken jiwa lan raga kangge mujudtaken kamardhikan negara Indonesia. Ananging saking crita ingkang kamireng saking pinisepuh utawi saking buku-buku waosan sejarah, saestu sedaya pengorbanan para pahlawan kagem bangsa Indonesia menika mboten alit lan sedayanipun saestu tulus ikhlas mboten wonten raos melik menapa kemawon.
Pramila saking menika, mugi kula sedaya saged mendhet satunggaling tuladha saking perjuangan para pahlawan kamardikan Indonesia. Mugi menapa ingkang dados cita-cita saha tujuan para pahlawan sagedto kula panjenengan sami gayuh, nun injeh katentreman lan kebebasan ingkang ateghes bebas kagem nemtoake nasib bangsa Indonesia.
Sagung para warga ingkang bagya mulya, tugas kita kagem berjoang mboten namung berjuang nglawan penjajah kemawon, lakung-langkung wonten wekdal menika, perjoangan tasih dibetahaken kagem nglawan kebodhoan, kasangsaraning masyarakat, ugi marang kamlaratan. Mila saking menika kanthi pengetan dinten kamardekan Republik Indonesia kaping 70 tahun 2015 monggo sami cancut tali wanda, gumregut temandang karya, sepi ing pamrih, rame ing gawe anggenepin gesang wonten ing masyarakat.
Penutup dalam pidato bahasa jawa pengetan kemerdekaan RI
Mekaten dudutan ingkang saged kula aturaken, mugia kenging kagem panglimbang saha paniting sawetawis muriha kamajenganing nusa lan bangsa. Wonten kasar saha klentuning atur, saestu kula namung tansah nyeyadhong sihing pangaksama.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar